Minggu, 10 Maret 2013

sesorah~

Diposting oleh putrimaharani di 20.16
 Assalamu’alaikum wr.wb
Para sesepuh ingkang kinurmatan lan sedherek sedaya ingkang kula tresnani. Saderengipun kula matur, sumangga kula lan panjenengan tansah ngaturaken raos syukur Kita dhumateng Gusti ingkang Maha Agung. Awit saking rahmat saha hidayahipun, kula lan panjenengan sami saged kempal bebarengan wonten ing papan menika kanthi widada nir ing sambekala.
Para rawuh ingkang kula hormati, salajengipun wonten ing mriki kula badhe matur babagan salah satunggaling pitutur luhur ing bebrayan jawi inggih menika “ Ajining Dhiri Gumantung ing Lathi”. Pitutur luhur menika nggadahi artos mekaten, tiyang menika ingkang dipungugu lan dipunenut inggih menika ngendhikanipun utawi rembagipun. Kanthi ngugemi pitutur luhur kalawau, dipunajab mboten nganthos keblasuk lan kesurang-surang sajroningipun panguripan wonten ing saben dintenipun. Ampun ngantos malah kados dene “esuk dele, sore tempe”. Gampil owah panemunipun, ngendikan utawi rembagipun remen mencla-mencle, sahengga mboten saged kangge cekelan. Menawi tiyang ngantos kados mekaten, tiyang menika saged mboten dipunpercaya sedaya ajining dhiri, jalaran sampun mboten dipunpercaya ngendikan lan rembagipun.

Para rawuh ingkang kula hormati, bebrayan Jawi menika tansah ngajab amrih saged njagi lathi. Bab menika wigatos sanget. Menapa malih tumrap pemimpin, minangka panutan masyarakat. Rembag utawi ngendikanipun kedah mawi dhasar ingkang leres, ampun ngantos waton ngendika.pramila wonten tembung “omongo nganggo waton, aja waton ngomong”. Ingkang ngandhut artos mekaten, ngendikan utawi rembagan ingkang tumuju kelerasan lan tumindhak sae. Tiyang ingkang remen waton ngomong, umumipun dipuncap tiyang ingkang tumindakipun mboten becik amargi raos percayanipun tiang sanes saya kirang.
Para rawuh ingkang kula hormati, pramila kula lan panjenengan sedaya ampun ngantos remen dados tiyang ingkang lunyu ilate, mencla – mencle lan waton ngomong. Tiyang ingkang kados mekaten kalawau, sampun cetha bakal kelangan ajining dhirinipun, amargi sampun mboten dipercaya.
Ing pangajab, mugi – mugi kula lan panjenengan sedaya tansah saged njagi ajining lathi sarta tumindak kanthi samadya, mliginipun wonten ing pasrawungan.
Para rawuh ingkang kula hormati, kula kinten cekap semanten atur kula, menawi wonten klenta – klentu anggenipun kula matur, keparenga kula nyuwun agunging samodra pangaksami.
Wassalamu’alaikum wr.wb

0 komentar:

Posting Komentar

 

dream comes true Copyright © 2012 Design by Antonia Sundrani Vinte e poucos