Minggu, 10 Maret 2013

cerkak~

Diposting oleh putrimaharani di 20.19
ILUH
Dening : Niki Rururt Putri Maharani (25/IXB)

                Ririn nduwe sahabat jenenge Santi. Santi kuwi sahabate Ririn seko cilik nganti saiki. Mbiyen Ririn karo Santi apalane dolan bareng nganti wegah nek dikon muleh. Santi karo Ririn wes ra ketemu nganti 6 tahun, tapi de’e iseh bisa komunikasi lewat telephone. Se tahun terakhir iki, Ririn karo Santi wes ora saling komunikasi maneh. Rasane, Ririn kangen banget karo sahabate sing wis pirang-pirang tahun ora ketemu. Ririn mung iso nyawang fotone sisan mbayangke kepiye Santi le saiki.
            Saiki Ririn lungguh nang bangku kelas 1 SMP. Ora nyangka jebule Ririn karo Santi podo sekolah yaiku SMPN 1 KALASAN. Padahal wis 6 tahun ra ketemu, Ririn karo Santi tetep iseh bias ngenali tanpa ngajak kenalan ndisek. Kanggo Ririn, Santi kuwi saabat paling apikan. Pas Ririn karo Santi lagi mlebu MOS, Ririn nduwe kenalan jenenge Tejo. Tejo kuwi bocahe ganteng lan uga pinter. Tapi, Ririn ra ngerti sifat Tejo le asli kepiye.
            Saya suwe Ririn karo Tejo tambah akrab. Ora nyangka jebul si Ririn mendem rasa seneng karo Tejo, tapi ririn wegah nek si Tejo nganti reti amerga de’e isin. Ririn gur isa crita karo Santi, sahabate.
( Bell istirahat) teeeeetttttt…teeetttttt…teeeeetttttt…..
“Hey San?!”, celuk Ririn.
“Ono opo Rin?”, jawab Santi.
“Aku arep crita karo kowe. Aku saiki lagi seneng tenan..”, jawabe Ririn sumringah.
“Yo ayo lungguh nang taman wae ben critane tambah kepenak!”, ajake Santi.
Ririn karo Santi lungguh nang taman sisan crita-crita.
“Eh..San, koe reti ra, aku saiki ki lagi seneng lo…aku seneng karo uwong, bocahe ganteng tenan, aku kenal de’e pas mlebu MOS pertama. Aku saiki karo de’e tambah akrab, aku dadi nduwe rasa karo de’e.”, omong Ririn .
“Pantesss … kowe ketmau nang kelas mesam-mesem wae. Emange de’e sopo?”, takone Santi penasaran.
“De’e cah kelas 7B. Coba bedek o.”, ujar Ririn.
Santi krungu cah kelas 7B dadi kaget. Amerga Santi lagi seneng karo cah kelas 7B. Santi miker-miker, de’e penasaran sapa sing dimaksud karo Ririn. Padahal nang kelas 7B sing ganteng gur Budi karo Tejo.
“Sing koe maksud Budi Rin?”, takon Santi.
Ririn gur meneng wae ra omong apa-apa.
“ Opo tejo?”, takon Santi maneh.
“Ho’o. aku seneng karo tejo, tapi kowe meneng wae yo aja nganti Tejo ngerti.”, jawabe Ririn karo mringas-mringis.
Santi ora jawab opo-opo. Santi gur meneng wae. Batine Santi, padahal le disenengi kuwi jenenge Tejo, padha karo le disenengi Ririn.
            Wes pirang-pirang minggu, Santi adoh karo Ririn. Santi nek ketemu Ririn gur meneng wae. Santi ora ngerti opo le bakal dilakoni, milih antara Tejo opo sahabate dewe. Pikarane Santi ra karuan, Santi mug iso nangis, mbrebes mili nek ketemu Tejo opo Ririn. Santi miker, ora gelem gawe ati sahabte ke lara- lara gur gara-gara masalah sepele. Santi mung isa curhat karo buku diaryne. Opo wae le dirasakke karo de’e ditulis nang buku kuwi.
            Nganti saiki, Ririn nggatekake santi kerep nulis nang buku diaryne saben istirahat. Ririn penasaran opo le dirasakke karo Santi , kok saiki de’e ngadoh seko Ririn. Ririn bingung, opo de’e ana salah karo Santi.
            Pas bell istirahat, Santi ndelehke buku diaryne nang laci banjur de’e metu seko kelas. Tapi Ririn gur lungguh-lungguh nang kelas. Ririn pengen reti opo le dipikerke karo Santi kok de’e saiki dadi berubah drastis. Ririn nduwe pikiran pengen njukuk diaryne sisanti meski kuwi tindakan le ra becik. Tapi Ririn ra miker kuwi, Santi langsung njukuk bukune lan maca.



Sahabat…
Suwe adewe ora ketemu.
 Aku kangen jaman-jaman adewe iseh cilik, dolanan bareng nganti wegah dipisahke. Saiki adewe ketemu maneh.
 Aku bersyukur bisa ketemu karo kowe.. sahabtku..
Tapi pas adewe ketemu maneh, adewe malah dihadapke masalah le abot
Aku seneng karo Tejo, uwong sing kowe senengi. Tapi aku ra gelem nek uwong le aku kangeni, 6 tahun ra ketemu dadi lara ati gur masalah Tejo. Aku bingung kudu nggawe keputusan kepiye …
           
Ririn maca diaryne santi nganti nangis mbrebes mili. Ririn kaget, jebul si Santi yo seneng karo Tejo. Ririn dadi bingung opo le bakal dilakokke. Ra disangka Santi wes ngadhek neng ngarep lawang, tapi de’e ra mlebu gara-gara ndelok Ririn maca diaryne. Ririn ndelok si Santi, tapi de’e malah langsung mlayu. Ririn nututi si Santi.
Tekan taman sekolah, reti-reti Santi karo Ririn langsung mandeg. Rupane kaget banget. Jebul Santi karo Ririn ndhelog si Tejo gandhengan karo Sekar neng taman sekolah. Santi karo Ririn dadi sadar, aja nilai uwong seko njobone wae. Kuwi dadi pelajaran kanggo Ririn lan Santi. Jebul Tejo kuwi bocahe cem terkenal playboy. Ririn karo Santi saiki wis apikan maneh, wis kaya lumrahe sahabat.

0 komentar:

Posting Komentar

 

dream comes true Copyright © 2012 Design by Antonia Sundrani Vinte e poucos